SiPen News

6/recent/ticker-posts

Jaka Tarub Basa Jawa

Daftar Isi [Tampil]

    Jaka Tarub Basa Jawa

    Mbok Randa duwe anak siji-sijine, jenenge yaiku Jaka Tarub. Jaka Tarub dadi bocah remaja sing gagah lan bagus rupane. Dheweke seneng berburu ana ing alas. Pas dheweke berburu ana kali, dheweke weruh bocah wedok akeh sing padha adus ning kali. Banjur salah sijine slendhang bocah wadon kuwi dijupuk Jaka Tarub. 

    Jubulane wong wadon kuwi bidadari saka khayangan. Bidadari sing jenenge Dewi Nawang Wulan bingung goleki selendhange sing ilang. Amarga dina kuwi wis wayah surup, bidadari-bidadari padha munggah ana ing khayangan lan ninggal Dewi Nawang Wulan dhewe ning kana. Banjur Jaka Tarub metu saka padhelikane lan ngajak Dewi Nawang Wulan bali ana ing omahe.

    Akhire saya suwe, Dewi Nawang Wulan lan Jaka Tarub dadi bebojoan, lan duweni anak siji. Senajan Dewi Nawang Wulan ora bisa balik ning khayangan, nanging dheweke iseh tetep bidadari sing duweni kesaktian. 
    Dheweke iso gawe sega mung nganggo sak glintir beras. Dewi Nawang Wulan iso nglakoni kuwi yen ora ana wong sing weruh. Nanging merga Jaka Tarub penasaran akhire wakul segane dibukak lan Dewi Nawang Wulan keilangan saktine. Dheweke arep masak sega bingung meh nganggo cara apa banjur diajari Mbok Randa. 
    Pas Dewi Nawang Wulan golek kendhi kanggo ngesusi berase, kaget merga nemu slendhange ana ing jero kendhi cilik mau. Jaka Tarub ngaku yen dheweke sing wis dhelike slendhange. Dewi Nawang Wulan kuciwa lan akhire dheweke mileh balik ning khayangan lan ninggalke Jaka Tarub karo anake sing iseh cilik.

    Garapen soal iki kanthi bener!

    1. Jaka Tarub ndhuweni mbok jenenge sopo?

    2. Opo sing dijupuk Jaka Tarub ono kali?

    3. Sapa Dewi Nawang Wulan kuwi?

    4. Opo kesaktiane Dewi Nawang Wulan?

    5. Pelajaran opo sing dipethik saka bacaan kasebut?

    Sumber: 

        www.brainly.co.id

        www.riri.id

    Posting Komentar

    0 Komentar