
SESORAH -Arti, Fungsi, dan Jenis
A. Pangerten Sesorah
Sesorah yaiku micara ngenani gagasan utawa panemu sarana lisan ing sangarepe wong akeh. Sesorah ana ing bahasa Indonesia diarani pidhato. Ancase wong sesorah utawa medar sabda yaiku kanggo ngutarake panguneg-uneg utawa mratelakake informasi kanthi medhar pangandhikan ana ing sangarepe wong akeh supaya padha mangreteni sing diwadharake.
B. Methode Moco Sesorah
Pidhato utawa sesorah iku diwaca sangarepe wong akeh, saenggo maca migunakake methode kang warna-warna. Metodhe kang lumrahe kanggo maca pidhato yaiku kaya ing ngisor iki.
1. Metodhe naskah, yaiku nalika pidhato kanthi maca naskah kang wis digawe luwih dhisik.
C. Jenis Sesorah Miturut Guna
1. Atur pambagyaharja, yaiku sesorah kanggo nampa rawuhipun para tamu ing adicara apa wae. Tuladha: ing pahargyan (pista), sukuran, lan sapanunggalane.
2. Menehi informasi utawa pawarta, yaiku informasi bisa arupa palapuran utawa sawijining bab kanthi gamblang/cetha. Tuladha: sesorah ing rapat, promosi barang, lan sapanunggalane.
3. Atur panglipur aweh hiburan, yaiku sesorah iki nduweni ancas wong kang mirengake seneng penggalihe. Tuladha: ing acara layatan, atur saking pambelasungkawa.
4. Pangajak, ancase sesorah iki kanggo milut atine wong saengga gelem nindakake apa kang diwedharake. Tuladha: penyuluhan kesehatan, penyuluhan pendhidhikan, lan sapanunggalane.
D. Perangane Sesorah
1. Uluk Salam: kulanuwun, sugeng ndalu lan sanese
2. Purwaka: puji syukur kagem gusti Allah lan panuwun kagem para tamu
3. Isi/wigatining atur: ngandarake ancasing acara kang dipuntindakake
4. Pangarep: panyuwun utawi pangajeng-ajeng saking tiyang kang kagungan kersa dhateng para tamu
5. Panutup: isi/ atur panuwun
Sumber:
www.jogjatv.co.id
0 Komentar