
Diah : “Sugeng siang , Pak ?”
Pak Hadi : “ Sugeng siang,ayo padha mlebua, Cah!”
Diah lan Panji : “ Inggih Pak.”
Pak Hadi : “2 minggu maneh arep UAS, ateges sawise iku ana acara KEAT (Kegiatan Evaluasi Akhir Tahun)?”
Panji : “Kadospundi menawi dipunwontenaken kemah , Pak?
Pak Hadi : “Kemah? Apa kuwi sing mbok karepake?”
Diah : “ Inggih kala wau, Pak, wonten sambung rapetipun kaliyan kegiyatan evaluasi tahunan menika Pak.”
Panji : “Dados mangke para anggota PMR kelas X wajib ndherek kegiyatan menika Pak,Kemahipun sareng kalih anggota PKS wonten ing Moga. Kegiyatanipun materi,hiking,praktek,games. Lan menawi saged ingkang ndherek kegiyatan menika dipun paring sertifikat kangge nambah semangatipun”
Pak Hadi : “Oalah kaya ngono, ya ora papa yen kabeh padha sarujuk. Saiki apa kang mbok butuhake saka aku?”
Panji : “Kula sakanca mbetahaken jadwal KEAT kaliyan mangke tapak asma pengesahan proposal menawi sampun daos, Pak.”
Pak Hadi : “ Iya, entenana sedhela yak pundhutake ana njero kamar jadwale.”
(Boten dangu Pak Hadi sampun ngasta print-printan jadwal KEAT )
Pak Hadi : “ Nah, iki sing mbok karepake.Gawanen kanggo arsipmu sakanca.”
Diah lan Panji : “Inggih Pak,kula mangestokaken dhawuh.”
Pak Hadi : “Aja lali proposal kemahe ,trus gawanen mrene tak tanda tangani.”
Diah lan Panji : “Inggih Pak, matur nuwun. Sugeng siyang!”
Pak Hadi : “Iya Cah, Ati-ati ing ndalan.”
Garapen soal iki kanthi bener!
1. Gawea narasi saka teks pacelathon ing dhuwur!
Sumber:
www.novaindriani03.blogspot.com
0 Komentar