SiPen News

6/recent/ticker-posts

Macan sing Gumedhe

Daftar Isi [Tampil]

    Sore kuwi macan entuk mangsan kidang. Macan kesusu anggone mangan mangsane, ndilalah ana balunge kidang sing nyanggrok nancep ing gorokane. Macam Gerang-gerang kelaran.

    Manuk kontul ngerti kahanane macam sing klelegen balung, banjur nyedhaki. Macan njaluk tulong. Manuk kontul gelem nulungi waton diupahi. Macam saguh.



    “Ya , cepet liya wektu dakupahi ati kidang,” kandhane macam wis ora sabar. Kontul klakon nulungi macan, balung sing malang ing gorokane bisa didudut. Macam lega, tanpa matur nuwun banjur nggeblas mlebu alas.

    Sawijining wektu macan entuk mangsan kidang meneh. Kontul kabeneran ngerteni, banjur nagih janjine.

    “Ee….macan aja kesusu endi atine, eling janjimu kae!” macan mentheleng nyawang kontul, banjur wangsulan songol lan umuk.

    “Apa kowe ora ngerti? Aku iki rajane alas. Sapa sing ngganggu aku bakal dakmangsa. Apa meneh kowe klakon dakuntal pisan!”

    Kontul lungo klepat mabur. Niyate nglumpulake kanca-kancane ing alas kono arep diwaduli lelakone. Tenan, kewan-kewan padha nglumpluk. Ula welang, kala jengkring, tawon, coro, semut gemi, lan tikus. Tekade mengko yen macan sing gumedhe iku turuarep dipaeka. Saben kewan duwe ayahe dhewe-dhewe.

    Wancine awan hawane pansa macan ngeyub ing ngisor wit trembesi. Macan keturon. Kontul aweh aba marang kanca-kancane supaya miwiti maeka macan kanthi bebarengan. Tikus pirang-pirang ngrikiti bokong macan. Barisan semut geni mlebu kupinge macan kiwa tengen. Coro-coro mlebu irunge macan karo nguyuhi. Kalajengking ngentupi weteng lan udele macan dene ula welang nyembur macan pener matane, banjur nggubet gulu, njalari macan ora bisa ambegan.

    Sanalika macan gegidro kelaran. Bokonge pedhas, udele panas, kuping gumrebeg, irung pengar, mata dadi pedhes tambah lara yen dilekake, lan dhadane seseg ora bisa ambegan. Sawetan nggone gegidro macan kentekan daya, lemes banjur ambruk nglumpruk. Kontul kekablak melehake macan sing gumedhe.

    “Kaya ngono kuwi oleh-olehane watak gumedhe. Aja kokiro aku sakanca kewan cilik iki tanpa daya. Waton aku sakanca guyub rukun, buktine gampang ngalahake kowe, Can!”

    Latihan Soal: https://www.guruberwawasan.com/2020/11/latihan-soal.html

    Sumber:

    1. Buku Wursita Basa kelas 5


    Posting Komentar

    0 Komentar