SiPen News

6/recent/ticker-posts

SESORAH- Tuladhane Sesorah

Daftar Isi [Tampil]

    Ing ngisor iki tuladhane sesorah babagan upacara SDN 1 Kragilan peringatan Hari Pendidikan Nasional.



    Sumber: warisanbudayanusantara.com


    Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
    Ingkang kawulo hormati Bapak/Ibu Kepala Sekolah SDN 1 Kragilan
    Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Wali kelas 1 dumugi 6 
    SDN 1 Kragilan
    Lan rencang-rencang, siswa/siswi 
    SDN 1 Kragilan ingkang kula tresnani

     

    Mboten wonten ucapan luwih agung, tinimbang puji syukur dumateng gusti Allah SWT ingkang sampun maringi nikmat lan karunia iman lan kesehatan Sholawat lan salam ugi katuraken dumateng junjungan kito, Nabi Muhammad SAW ingkang sampun maringi petunjuk dumateng kita sedoyo.

     

    Ing papan menika, kawulo dipun utus dateng rencang-rencang sedanten supados nyampeaken sesorah bab pendidikan kagem mengeti Hari Pendidikan Nasional tanggal 2 Mei.

     

    Pendidikan menika sangat penting kangge siswa siswi SDN 1 Kragilan khususipun, ugi masyarakat Indonesia umumipun. Menawi pendidikan mboten kecukupan, urip menika mboten saged tata. Mula, kito sedaya tansah nguri-uri budaya maca supados pendidikan saged mlaku kanthi lancar. Ki Hajar Dewantara, Bapak Pendidikan Nasional merjuangaken pendidikan kagem rakyat Indonesia.

     

    Pendidikan ingkang kadah dipun perjuangaken contonipun budi pekerti lan pendidikan moral. Siswa siswi SDN 1 Kragilan kados ngangsu kawruh wonten papan sekolah ugi papan panggonan sareng ibu bapak. Ampun kesupen ngangsu kawruh bab agama amarga ilmu kasebat penting kagem urip ing jaman samenika.

     

    Cekap semanten sesorah pendidikan ingkang saged kula aturaken. Mugi-mugi wonten manfaatipun Mbok bilih wonten klinta-klintunipun atur kawulo, kawulo nyuwun agunging samudro pangeksami.

     

    Wassalamualaikum wr. wb.



    Sumber:

    1. https://mamikos.com/



    Posting Komentar

    0 Komentar